Ono ing kesmpatan iki aku arep ngepost contone cerkak.
Awan iku sakwise bubar sekolah, kaya biasane Pras, Yudhi lan Pandu mlaku bareng bali menyang omahe dhewe-dhewe. Sambi ngobrol, katelune ketemu karo Baskoro kancane sakelas uga.
“Eh Bas, ayo bali bareng” Pras ngajak, wusanane bocah papat mlaku bareng karo kadang gegojegan.ing satengahe obrolan, Pandu sing seneng iseng ujug-ujug takon
“Bas, nek tak sawang-sawang, saksuwene aku dadi kancamu ki, koq kowe ra tau nganggo klambi lengen cendak yo, mesti lengen dawa terus” ujare pandu
“Wedi dadi ireng kaya pandu yo bas?” si Yudhi nyambung omongane kanca rakete
nanging baskoro mung mesem lan meneng sajak sedih. Pras sing ngrasa kahanan dadi ora kepenak akhire nengahi
“Eh, ayo dhewe mampir ning warunge Budhe Siti, tumbas es campur”
***
Sesuke pas Pras, Yudhi lan Pandu lagi metu saka pager sekolah, katelune diparani salah sawijining priyayi putri, tanpa kenalan, ibu iku ngendikan
“Iki sing jenenge Pandu yo?” pitakone ibu iku galak karo nuding
“Mboten bu, kula Pras niki sing Pandu, wonten kersa punapa?” Pras nyoba kalem walaupun sakjane deg deg an
“Oo ngono, eh pandu suk maneh ora sah ndadak takon-takon ngapa si baskoro ora tau nganggo klambi lengen cendhak, yo sak senenge bocahe to arep nganggo klambi opo, ngerti kowe?” ibu iku isih duka yayah sinipi
“Enggih bu, kula ngertos” jawabe Pandu
Sakwise duka, ibu iku langsung ninggalke bocah telu sing isih ndomblong ora mudeng
***
Esuke pas pelajaran olahraga, Baskoro marani Pandu
“Pandu, aku njaluk ngapura yo, wingi ibuku dadi duka karo awakmu padahal kowe kan ora salah” Baskoro ngomong sajak ora kepenak
“ora po po pan, santai wae, aku sing salah koq wingi, iseng banget takon-takon karo awakmu” Pandu njawab karo mesem
“Nuwun yo Pan”
“Podo podo bro..eh tapi sakjane emang kenapa to koq ibu mu dadi duka banget wingi” Pandu kumat takon maneh
“Nganu…sakjane aku isin arep crita, tapi karo kowe tok aku critane, tapi ojo ngomong-ngomong liyane, uga Pras lan Yudhi lho ya”
“Oke” jawabe Pandu
“Sebenere aku isin yen nganggo lengen cendak, soale ning lengenku ono tompel sing gedhe banget” Baskoro njawab isin isin
“……..^$)(*_$@%)_(&^^_@)_))*&%$$@&@**++|_|………………."